Hubungi Kami

Nama

Email *

Pesan *

Senin, 31 Oktober 2016

Cerkak Bahasa Jawa Terbaru Nasehat Ortu

Kali ini admin akan membagikan contoh CERKAK PENGALAMAN PRIBADI saat masih mengalami pendidikan di pondok pesantren...

Dungane Wong Tuwo


Tanggal 5 nganti tanggal 7 april 2010 dadi dina kang bersejarah kanggo Hanif, Wawan lan Bagus. Bocah telu iku dadi peserta Ujian Nasional (UN) SMP. Wes pirang-pirang wulan bocah telu iku nyiapno pelajaran kanggo ujian dino iku. Sinau, ibadah lan njaluk dungo marang gusti dadi gawean kang ora iso dilalino bocah telu iku. Hanif, Wawan lan Bagus iku pancen sregep lan pinter. Ora mungkiri yen bocah telu iku oleh nilai UN paling dhuwur sak sekolah. Ananging sakbanjure lulus teko SMP, Hanif, Wawan lan Bagus bingung ape nerusno pendidikan ning ndi. Sekolah maneh, mergawe utawa mondok.
“Gus, mari ngene kowe ape nerusno pendidikan ning ndi?” Wawan takok marang Bagus.
“Aku ora ngerti, Wan. Bapakku yo saiki lagi susah. Sekolah saiki larang, ora ono sing murah. Durung engko duit kanggo urip ning kuto.” Jawab Wawan.
“Opo kowe ora kepingin sukses, Wan? Saiki golek gawean iku angel. Akeh wong sing lulusan S1 sing nganggur, opo maneh sing lulusan SMP koyo kene iki.”
“Nek kepingin yo mesti kepingin, Gus. Sopo bocah lanang sing gak kepingin sekolah SMA terus iso banggakno bapak lan ibu. Banjur piye maneh, aku moh nyusahno bapak lan ibu, wedi kuwalat.” Wawan njelasno.
“Yo wes nek kepinginmu ngono. Aku lan Bagus mung iso dungakno awakmu supaya iso sukses lan iso banggakno bapak ibumu.” Dungane Hanif.
“Sampeyan dewe ape nerusno ning endi, Nif?” Wawan takon.
“Aku kepingin sekolah SMA, engko tak sambi karo mondok.” Jawab Hanif.
“Kowe gak diseneni bapakmu, Nif? Anake kyai kok sekolah SMA. Mestine kowe dadi santri sing tenanan, nyantri tok pondok-pondok salaf ben iso ngganti bapakmu”
“Iyo, Nif. Opo sampeyan gak sungkan dirasani tangga omahmu.” Wawan nambahi.
“Anake kyai podo koyo anake petani. Oleh sekolah, oleh kuliah lan oleh mondok. Aku ora kepingin dadi kyai, mung kepingin ngerti agama. Dunia lan akhirat kudu imbang.” Jawab Hanif.
“Yo wes. Aku yo kepingin sekolah SMA koyo Hanif, tapi aku gak kepingin mondok. Aku kepingin nduwe omah dewe tekan kuto, engko aku tak njaluk mbangunno omah bapakku.” Omonge Bagus.
Akhire Hanif, Wawan lan Bagus milih dalane dewe-dewe. Hanif sing anake kyai sekolah lan mondok. Wawan sing ora kuat biaya sekolah milih mergawe kanggo ngewangi bapake. Bagus sing anake wong sugih milih nerusna pendidikan sekolah SMA tekan kuto gede lan turu tok omahe dewe sing anyar.
Ora keroso wes setaun kepungkur bocah telu iku pisah dalan. Ora tau ketemu opo maneh omongan. Hanif wes betah urip tekan pondok. Suwe deweke ora mulih omah. Minggu ngarep asline ono liburan 3 dina, Hanif sing wis kebelet mulih kudu nunda sadina kapinginane mau kanggo budal menyang kuto gede. Hanif kudu tuku buku kanggo sekolahe sek. Ulan ngarep wes ora ono libur dowo maneh. Iso ora iso minggu ngarep Hanif kudu wes nduwe buku iku.
    Akhire Hanif mutusno yen budal menyang kuto gede. Isuk-isuk Hanif wes budal numpak bis. Nggawe klambi apik lan sepatu. Ora lali tas sing ditumbasake abahe nyangklong ing pundake Hanif. Lumayan suwe Hanif ing njero bis. Sekitar jam 9 Hanif wes teko menyang kuto. Deweke lali yen saiki dina jumat. ‘Oh, iyo, saiki lak yo dina jumat. Lali aku. Yo kudu cepet tuku bukune.’ Hanif langsung mlaku ben gak suwe teko toko bukune, soale jarake adoh tekaan terminal. Deweke mlaku nglewati dalan-dalan cilik. Kiro-kiro jam 10 wes tekan toko buku lan ora suwe wes metu maneh sakwise oleh bukune. Deweke langsung budal masjid kanggo shalat jumat.
Sakwise shalat, Hanif banjur mulih. Nanging teko dalan Hanif kaget ndelok gerombolan murid SMA mlaku nggowo pedang, tongkat, watu lan liya-liyane teko ngarep. ‘Iki murid SMA podo latihan karo tentara opo piye nggowo pedang lan tongkat,’ batine Hanif. Deweke malah tambah wedi nalika ngerti teko nggurine yo ono gerombolan sijine sing nggawe klambi bedo. Raine podo ireng-ireng, rambute ngadek kabeh. Ora suwe loro grombolan mau podo mlayu maju karo berok-berok koyo tentara jaman biyen sing lagi perang. Hanif sing wedi banjur mlayu nyelametno awake dewe.
“Polisi, polisi, polisi... mlayu, mlayu, mlayu.”
'Tentara-tentara’ mau akhire mlayu kabeh yen ngerti nek ono polisi. Mlayu dewe-dewe golek panggon dienggo ndelik. Hanif sing wedi sisan melu mlayu. Ora ngawasi mengarep, Hanif tabrakan karo ‘tentara’ sing melu mlayu. ‘Brakk.’ Loro karone tiba.
“Loh, Gus.” Hanif kaget. “Sampeyan teko ndi?”
“Loh, Nif, kowe kok tekan kene.” Bagus yo kaget ngerti Hanif.
“Iyo, aku mari tuku buku, Gus.” Jawab Hanif. “Sampeyan kok nggowo pedang ape opo?”
“Wes, iki ora urusanmu.” Bagus langsung mlayu ninggalno Hanif.
‘Iku mau Bagus opo ora? Kok bedo karo Bagus sing biyen.’ Batine Hanif. Nganti tekan pondok deweke isih kepikiran karo kedadeyan mau. Pikiran iku uga isih ono ing jero atine. Hanif isih ora nyangka yen Bagus dadi koyo ngono.
Sabtu isuk Hanif akhire mulih tekan omah. Pondoke Hanif karo omah ora patek adoh. Sekitar setengah jam nek numpak bis.
“Assalamualaikum. Abah, Umi.”
“Waalaikumsalam. Anakku wes mulih toh.” Abah njawabi salame Hanif.
“Inggih, Bah. Wonten liburan. Umi pundi?”
“Iku tekan pawon, lagi masak.”
Sakwise omong-omongan sediluk karo umi. Hanif langsung melbu kamar kanggo ngilangno pegele. Hanif sing suwe ora mulih kangen karo desane. Akhire sore-sore deweke mlaku-mlaku tekan sawah dewekan. Sawah-sawah sing podo ijo nggawe Hanif lali karo pikirane wingi.
“Kang Hanif, kapan mulih?” Wawan sing klambine rusuh mari teko sawah kabeh nyapa Hanif sing lagi mlaku.
“Lagi isuk mau, Wan. Piye kabarmu? Suwi yo ora ketemu.”Jawabe Hanif.
“Alhamdulillah. Sepurane yo, klambiku rusuh kabeh. Maklum bocah sawah. Ora koyo sampeyan.”
“Wes, wes. Podo wae.”
Hanif lan Wawan sing suwe ora ketemu akhire ketemu ning sawah. Omongan ngalor ngidul barengi bocah loro iku mlaku. Ora lali kedadeyan wingi yo diceritakake Hanif marang Wawan.
“Sampeyan gak mbujuk, kang?”. Wawan sing ora ngandel takon marang Hanif.
“Aku dewe kaget ngerti Bagus koyo ngono.”
“Ora nyangka Bagus koyo ngono. Biyen sregep, apik. Saiki kok malah dadi ngono.”
“Yo wes. Sing penting awak dewe ati-ati yo.” Omonge Hanif.”Yo wes aku tak balik sek. Wes sore.”
“Iyo, Nif. Aku yo ape mulih.”
Dina minggu iki, Hanif ape balik tekan pondok. Rencanane deweke ape balik engko sore soale isuk iki ape ngewangi ibuke disik belonjo menyang pasar. Hanif budal karo bu nyai numpak sepeda motor. Tekan ngarep omahe Bagus, bu nyai ngerti wong tuwane Bagus nangis banter. Bu nyai karo Hanif mandek mampir tekan omahe Bagus.
“Wonten nopo bu lek? Kenging menopo?” Bu nyai takok marang ibuke Bagus.
“Putraku nyai, putraku.” Nangise malah dibanterno.
“Sampun, sampun. Kenging menopo putrane panjenengan?”
“Anakku wingi kecekel polisi. Terus ditokno teko sekolahe. Gara-gara tawuran karo konco-koncone. Saiki aku bingung ape tak apakno anakku iki.”
‘Astaghfirullah.’ Batine Hanif.
“Inggih sampun, bu lek. Mboten usah nangis malih. Didamel pelajaran mawon.” Bu nyai ngenengno ibukke Bagus.
“Hanif, cah bagus. Awakmu gelem tak titipi Bagus? Aku pengen deweke mondok bareng awakmu ben iso berubah. Mondok wae, gak usah sekolah.” Takone Ibuke Bagus mrang Hanif.
“Inggih bu lek, mboten nopo-nopo. Kulo nggih bungah, amargi wonten rencange.” Jawabe Hanif.
Mulai wiwit iku, Wawan lan Hanif dadi sakanca ing pondok. Wawan berubah dadi bocah sing alim lan sregep ngibadah. Ora lali dungane bapak ibuke katon ngewangi ngerubah akhlake Wawan. Sataun mondok, Wawan wes kerasan. Malah bapak ibuke sing kangen kepingin ngerti Wawan sing ora mulih-mulih.


Berikut contoh CERKAK PENGALAMAN PRIBADI, semoga para pembaca bisa mengambil pelajaran dari pengalaman pribadi di atas. Karena pengalaman adalah guru terbaik.....

Tidak ada komentar:

Posting Komentar