Hubungi Kami

Nama

Email *

Pesan *

Kamis, 27 Oktober 2016

Contoh Cerpen Bahasa Jawa / Cerkak


Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
Kali ini admin akan memberihkan satu Contoh Cerpen Berbahasa Jawa / Cerkak

Bingung

 Dino iku jam papat isuk, pas pitik lagi rame ramene kluruk, kaya biasane aku internetan. Aku kaget ndelok HP ku ono email, pas tak bukak aku kaya kenal raine sing ngirim, tapi aku lali ning endi aku ngerti rai iku. Mr. Alex, iku jeneng emaile sing ngirim, dheweke kepincut karo gambaranku sing warna warni sing tak pajang ning medsos. Iya aku tukang gambar, aliran gambarku biasa disebut wpap. Wpap duweni dawanan Wedha's Pop Art Portrait yaiku aliran gambar gawenane Pak Wedha. Wpap iku aliran gambar sing lagi booming ning Indonesia amarga founder  wpap iku wong asli indonesia.

Ning email tak woco iku kira-kira artine Mr. Alex pengen yen foto anake digawe wpap, lan dheweke takon piro regane. Aku bingung bales piye amarga aku durung tau oleh pesenan saka manca. Aku eling berita mau bengi yen sak dollar iku mundak maneh dadi 13.500 rupiah. Amarga biasane gambarku tak regani Rp 70.000 akhire aku mutusna lan mbalesi ning Mr. Alex yen regone $10, kira kira Rp 135.000. Lumayan kanggo nambah duwit kuliah.

Mr. Alex setuju lan takok ngirim duwite nggawe opo. Aku ora ngerti carane ngirin duwit saka manca iku piye, akhire aku golek golek ning internet lan nemokno salah sijine cara kang gampang yaiku lewat paypal. Ora kakehan mikir aku langsung nggawe paypal kanggo transaksi duwit karo Mr. Alex. Tibake nggawe paypal iku ora angel dadi pas paypalku dadi aku langsung ngirim email balesan kanggo Mr. Alex sing isine, "l have making a paypal account, you can transfer your money through my paypal account : sugeng widodo ". Artine aku wis nggawe akun paypal dadi sampeyan iso ngirim duwite lewat akun paypalku : sugeng widodo. Mr. Alex mbalesi oke lan ape ngirim engkok pas wis gak sibuk.

Aku lali yen aku ono jam kuliah isuk. Tak delok pandom endek ws tok ongko 8. Aku gagenan budal kuliah ora adus ora sarapan cuma ganti klambi lan nggawe parfum tok, untunge aku mahasiswa dkv, jurusan sing mahasiswane penampilane wis kaya seniman asli. Dadi aku lan kanca kanca sak jurusan iku gak peduli karo penampilan nemen nemen.

Tekan ngarep lawang aku delok dosenku Bu Kasmuni ngajar, dosen sing paling galak, dosen killer. "Mati piye iki aku telat" omongku ning jero ati. Akhire tak wani wanino aku melbu kelas, tenan aku diomengi entek entekan. Aku cuman iso meneng lan sabar ngrungokno opo sing diomong Bu Kasmuni. Dino iki mung ono siji mata kuliah dadi bar iki iso langsung bali nang kos.

Jam kuliah entek aku bali ning kos karo tugas-tugas anyar. Senajan dina iki mung siji mata kuliah nanging tugase ra karuan akehe. Aku ya lali durung jaluk foto anake Mr. Alex. Laptop langsung tak bukak lan ngirim email maneh sing isine aku jaluk foto anake Mr. Alex karo takok deadline ne kapan. Karo ngenteni balesan Ora lali aku langsung nggarap tugase bu Kasmuni sing deadline ne sesuk awan. Let suwe aku mikir balesan soko Mr. Alex kok suwe. Aku lagek eling yen Mr. Alex iku saka manca dadi balesane ya bengi wektu indonesia. Gmail ku tak bukak maneh tibake balesan soko Mr. Alex wis melbu aku kaget pas delok yen Mr. Alex jaluk deadline ne engkok bengi wektu Indonesia. "Waduh piye iki..." pikirku. Ape tak cancel tapi eman mergo durung tau oleh client soko manca.

Akhire tugas saka Bu Kasmuni tak tinggal. Langsung tak bukak software coreldraw ku lan nggawe wpap saka foto anake Mr. Alex. Gak krasa aiki wis jam 2 awan lan gambar fotone durung lagi dadi separo. Tak tinggal mangan sek mergo ket isuk aku durung mangan. Bar mangan aku langsung madep laptop maneh. Akhire pas pandom endek ning ongko pitu wpap ku dadi. "Alhamdulillah" omongku. Aku langsung mbukak email tibake ana email maneh saka Mr. Alex sing isine deweke wis transfer duwit. Atiku lego, gambar sing wis dadi langsung tak kirim. Wis keren pikiranku mergo gambar wpap ku wis go international. Bar ngirim aku langsung turu mergo ngantuk banget.

Isuke pas aku bukak HP akeh notifikasi ning HP ku, tak bukak siji-siji lha kok isine padha kabeh yaiku kanca-kanca ku ngandani yen wpap ku melbu ning headline koran. Akhire tak bukak koran online, tibake wong kang pesen wpap yaiku Mr. Alex iku artis Hollywood. Dheweke ning berita tak woco ngomong, "Get good art with cheap price from Indonesian artist..." iku jare Mr. Alex. Aku lagi nyadar yen Mr. Alex iku asline Alex Oxlide Chamberlain, artis hollywood terkenal saka Amerika. Ngerti berita iku aku seneng banget mergo karyaku terkenal. "Ooo... ya iku sing nggarai aku kaya kenal raine Mr. Alex, tibake dheweke iku artis hollywood." jareku.


Saiki wis jam 6 esuk. Pas lagi enak-enak adus aku lagi eling tugas saka Bu Kasmuni, "Ooo.. iya aku durung nggarap tugas saka Bu Kasmuni!!! Waduh piye iki, jelas aku entek karo Bu Kasmuni..." omongku ning jero ati karo bingung. Aku bingung apa sing kudu tak lakoni saiki, mergo ketoke percuma nggarap tugas ora ngarah iso ngebarno. Sing penting saiki aku lagi seneng mergo iso go international.

Karya : Aditya Firman Baktiar

Sekian Contoh Cerpen Berbahasa Jawa / Cerkak
Wassalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Tidak ada komentar:

Posting Komentar